Kamis, 13 Juni 2013

NGAKAK SUROBOYOAN 10,...


(Nanang karo Bojone).

Nanang Alumni SMP X Suroboyo lg asyik nonton ball nang ngarep TV, ujug2 bojone mlebu omah karo morang-moring.
"Cak Nanang,....!. Lampu teras pedot, terase peteng...., mbok tulung sampeyan dandani ben terase padang gak peteng koyok ngono...!!".
"Opo buuk....??!!, ndandani lampu ? Lambemu gak tau dikorahi antarane.....Mbok pikir aku PLN opo??? Nanang njawab ambek ngamuk.
"Yoo wes nek gak gelem,..mbenerno keran kamar mandi ae nek ngono.....iku looo, banyune amber2.....tulung di dandani keran kamar mandine".
"mbenerno kerann.....? cangkemu suweeek yoo buk ?, mbok pikir aku PDAM opo....???". (Nanang mulai ngamuk).
"Nek gak gelem yoo wissss,......cak Nanang... nek sampeyan tuku rokok nang warung, aku nitip tukokno minyak 2 liter yooo....".
"Eh buk,.....awakmu gak isok ndelok wong lanang seneng antarane...!!. Mbok pikir aku PERTAMINA opo...??, Nanang morang moring karo metu omah, pindah nonton ball nang TVne tonggo omahe.
Nanang balik omah jam 2 bengi, tapine Nanang kaget ndelok teras omahe wis padang, trs Nanang mlebu kamar mandi ndelok keran kamar mandine wis diganti anyar. Nanang mblebu dapur....ndelok jerigen minyak wes diisi Full tank.
Isuke Nanang takon bojone, ".....buk, awakmu njaluk tulung sopo ??".
"Ngene loo cak,..tak ceritani, mau bengi bar awakmu minggat, aku nangis nang teras omah. Trs onok arek lanang ngganteng lewat takon mbarek aku, opok o kok nangis. Aku cerito opo onok e....., arek lanang mau trs nawari mbantu aku tapi onok syarate...".
"Opo syarate buk ??,...Nanang takon bojone karo ndedes koyok KPK ".
"Syarate aku dikon milih, aku dibantu tapi dikon milih.....aku nggawekno arek lanang mau roti opo turu bareng karo arek lanang mau"....
"Terus..???, pasti awakmu milih nggawekno arek lanang mau roti kan..???..." (Nanang mulai kuatir).
Opooo,...???. Nggawekno roti...?!!!, mbok pikir aku HOLLAND BAKERY opo cak...!!!".
Nanang : "Diancuuuk,......ndasmu rengat antarane buuk...!!!!". (Nanang pingsan).

2 komentar: