TERTAWA ITU MENYEHATKAN
TERTAWALAH SELAGI KAMU BISA TERTAWA
Rabu, 16 Januari 2013
NYEWO KAMAR
Wonokairun ngejak gendakane, jenenge Mbok Cempluk, perikso nang dokter Bunali.
"Opoko sampeyan iku mbah, wong awake ketok tahes kok athik perikso." takok dokter Bunali.
"Ngene lho dok, umurku iki wis 80 lha bojoku iki wis kewut pisan umure
75. Aku pingin takok opo sik oleh tah aku ambek bojoku iki main koyok
manten anyar ?" takok Wonokairun ambek isin-isin.
"Lho lek sampeyan gak onok penyakit yo aman-aman ae. " jare doktere.
"Wah tepak lek ngono, cumak cik tambah mantep, tulung aku ambek bojoku
diperikso. Lha terus mumpung ndhik kene, aku tak main ambek bojoku nang
kamar praktek sampeyan. Tulung dipantau mbok menowo onok opo-opo." Jare
Wonokairun.
Batine Bunali, sak umur-umur lagek iki
ono pasien njaluk sing aneh koyok ngene. Tapi wong jenenge dokter akhire
panjaluke Wonokairun dituruti, mari jantunge diperikso, wong loro iku
main tutupan layar. Lha Bunali ngenteni jogo-jogo lek misale wong loro
iku gak kuat terus jantungen.
Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu. "Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.
Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik
kuat. "Wis mbah, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."
"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.
"Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat." Jare Bunali.
Mari ngono arek loro iku pamitan mulih.
Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh nang dokter Bunali. Persis
koyok seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge, mari ngono njaluk
dipantau pas main. Bunali yo nuruti ae wong pancen tugase sebagai
dokter.
Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu. "Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.
Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik
kuat. "Lak wis tak kandani, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."
"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.
"Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat." Jare Bunali.
Mari ngono arek loro iku pamitan mulih.
Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh nang dokter Bunali. Persis
koyok seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge, mari ngono njaluk
dipantau pas main. Bunali wis mulai ngersulo, tapi yo sik dituruti.
Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu. "Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.
Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik
kuat. "Koyok minggu wingi, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."
"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.
"Sik tah mbah, aku katene takok. Sampeyan lak wis tak kandani lek
sampeyan iku sehat, laopo bolak-balik teko rene ngongkon aku mentelengi
sampeyan main. Masio elek, aku iki dokter rek !!, dhudhuk wasit smack
down." Bunali mulai purik.
"Ngene lho dok, aku iki
wis muteri sak Jawa Timur, Madiun, nganjuk, Jombang sampek Jember Banyuwangi. Gak onok sewa kamar sing ngisore sepuluh ewu ."
Tidak ada komentar:
Posting Komentar