Kamis, 13 Desember 2012

ZODIAK VERSI JOWO

1. PIRGO – Pengggawean sing cocok: dodhol blewah karo pette. Keuangan: dedel duwel. Asmara: golek sing rodho beneh lan waras.

2. AKUWARIUS – Penggawean sing cocok: Dodol ondho karo gedhek. Keuangan: nyilah-nyilih tonggo wae. Asmara: Sedelok engkas jomblo, dikepret calon mertuwo.

3. PISKES – Penggawean sing cocok: mikuli galon, mangkal ngojeg nang protelon. Keuangan: Ledeh kabeh, kakehan keplek. Asmara: bolak balik ditolak mertuwo.

4. ARIYES – Penggawean sing cocok: ngedusi wedhus, mbecak. Keuangan: kakehan utang, tombok terus. Asmara: benakno disik raimu.

5. TAWURUS – Penggawean sing cocok: Ngarit pakan wedhus, dodhol kersen. Keuangan: kapusan konco dewe. Njaluk diruwat. Asmara: gak payu2, ganti pelet e ae.


6. GEMINI – Penggawean sing cocok: Nyuluh welut, golek bekicot. Keuangan: ngedoli warisan mertuwo. Asmara: gak jelas sir2an e lanang wedok, mbuh sing endi.

7. KANSER – Penggawean sing cocok: Macul, angon bebek, golek jangkrik. Keuangan: sekarat, atene bangkrut. Asmara: gak ono sing gelem, modal tipis dompet ngapret.

8. LEYO – Penggawean sing cocok: nyableki bokonge bakul jamu. Keuangan : ribet, gak gablek duwik. Asmara: ati2 bakal kepelet karo dukun tekok Tempik Gundul (Tempat Piknik Gunung Kidul).

9. LIBRA – Penggawean sing cocok: ngorek2 larahan nek gak dadi tukang golek beling. Keuangan: gak becus golek duwik. Asmara: malem minggu sir2anmu ngidam ngelus2 gundule wong tekok Ngawi.

10. SEKORPIO – Penggawean sing cocok: Ngelapi genthenge tonggo. Keuangan: podo mlarate, dikuras copet. Asmara: duwe sir2an nggrik2en..

11. SAGITARIYUS – Penggawean sing cocok: Ngresiki kakus, nek ono wektu nyopeto. Keuangan: bojomu purik njaluk mulih nang mertuwo. Asmara: ditempilingi ae karo bojo mu, jajal lungo takon karo Dukun Ponari.

12. KAPRIKOREN – Penggawean sing cocok: Dagang krupuk juweni. Keuangan: Nguwatirno, waspada deb kolektor! Asmara: hambar, pacar mu njaluk berlian, ajuuur.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar