Jumat, 24 Mei 2013

wedhus...

Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus.

"Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?" jare Bunali
"Yo lumayan " jare si Mbah
"Pira kabehe, Mbah ?" takon Bunali maneh
"Sing putih opo sing ireng ?"
"Sing putih, wis"
"Selawe"'
"Wik, cik akehe. Lha sing ireng?'"
"Podho..." jare Wonokairun ambek ngarit suket

Bunali takon maneh.

"Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah.."
"Yo.."
"Pirang kilo mangane sakdino ?"
"Sing putih opo sing ireng ?"
'Sing ireng, wis'
"Yo kiro-kiro limang kiloan"
"Lha sing putih?"
"Podho . . ."

Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae.

"Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?"

"Ngene lho, sing putih iku wehusku..."

"Lha sing ireng ?"

"Podho . . ."

Jumat, 17 Mei 2013

Cerito ML (Cerito Suroboyoan)


“ML sing sehat, nyenengno.....gak ngrusak awak ”.

1. Eling lho yo rek,ML iku kesel, keringeten, terus nggawe ngos2an.
2. Munggah mudun, geser geser, munggah mudun, gonta ganti, munggah mudun.
3. ML gak isok dewean, kudu wong loro utowo luwih.
4. Nek kesel waktu ML, leren sedilut, atur ambegan, nek perlu ngombeo banyu putih, sprite utowo ekstra joss ben kuat rek.
5. Posisi isok gantian karo pasangan ML, nang duwur, ngisor, ngarep, mburi, utowo pinggir.
6. Intine ML kudu hepi, fokus , trs terkoordinasi karo pasangan.
7. Nek nggak ngono kurang efisien, gak enak, isok2 malah loro boyok awakmu.
8. Sing penting awakmu mood, siap ML....

Tips ML (Mindahin Lemari) iki kiriman soko:
"Toko Furniture Eyang Subur"
Ngguyuo tak rek,............!!!